 |
Wedaran Kitab Betaljemur Adammakna
Neptu Dina lan Pasaran Miturut Pitungan Jawa
Wiwit jaman kuna para leluhur kita wus nate nilari ilmu, kang disusun anaing Kitab Betaljemur
Adammakna. Salah sawijine ilmu mau yaiku petungan neptu dina lan pasaran. Kagone wong Jawa neptu dina lan pasaran
iku duweni wigati kang gede. Ora mung sadremo kango mengerteni jumlahe pitungan neptu, uga saka neptu iku wong Jawa
bisa mengerteni sifate, rejekine, apse, lan liya-liyane.
Ing Rubrik Bahasa Jawa, redaksi babareken wedaran Kitab
Betaljemur. Kitab punika babon aslinipun kagungan dalem Kanjeng Pangeran Harya Tjakraningrat, lajeng kaimpun dening
R.Soemodidjojo.
Kitab punika ngemu isi ngewrat ilmu-ilmu Jawi titilaranipun
leluhur ing jaman kina. Wajib kita pepetri amargi nyata bilih ilmu-ilmu ingkang kasebut ing primbon punika dados
kabetahaning ngagesang ing sadinten-dinten.
Ingkang pembuka bade kawedar babagan neptu dina pasaran miturut petangan Jawi. Inggih punika;
Petangan dina :
Akad neptu 5, Senin 4, Selasa 3, Rebo 7, Kamis 8, Jumat 6, Setu 9.
Petangan pasaran :
Kliwon neptu 8, Legi 5, Pahing 9, Pon 7, Wage 6.
Petungan sasi lan taun,
Yen sasi Suro neptu 7, Sapar 2,
Rabinguawal 3, Rabiungakhir 5, Jumadilawal 6, Jumadilakhir 1, Rejeb 2, Ruwah 4, Pasa 5, Sawal 7, Dulkaidah 1, Besar
3. Taun Alip neptu 1, Ehe 5, Jimawal 3, Je 7, Dal 4, Be 2, Wawu 6, Jimakir 3.
Dina ala lan ala banget
Dina ala iki ora kena kanggo lelungan lan liya-liyane, yaiku Akad Paing, Setu Pon, Jumuah Wage, Selasa Kliwon,
Senin Legi lan Kemis Wage. Dina kang ala banget, Rebo Legi, Akad Paing, Kemis Pon, Selasa Wage lan Setu Kliwon.
Warsa (taun) kang ora kena kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeg tiba saben tanggal 29 utawa 30 sasi Besar.
Yen tiba taun Alip ana ing dina Setu Paing, taun Ehe dinane Kemis Paing, Jimawat dinane Senen Legi, Je dinane
Jumuah Legi, taun Dal tiba dina Rebo Kliwon, taun Be tiba dina Akad Wage, taun wawu dinane Kamis Pon, taun Jimakir
tiba dina Slasa Pon.
Sangaring warsa (taun)
Uga ora kena kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeeg tiba tanggaping warsa let 3 dina, (saben sasi Suro tanggal 3).
Yen tiba tahun Alip dinane Jumuah Legi, Ehe tiba Slasa Kliwon, Jimawal dinane Akad Kliwon, Je dinane Kemis Wage, taun Dal dinane Senin Pon, Be tiba dina Setu Legi, Wawu Rebo Paing lan Jimakir tiba dina Akad Legi.
Sasi kang rahayu, becik kanggo samubaranggawe kang perlu.
Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane Rebo, Kemis. Sasi Mulud, Rabingulakir lan Jumadilawal dinane Jumuah. Sasi
Jumadilakir, Rejeb lan Ruwah dinane Setu, Akad. Sasi Pasa, Sawal, Dulkaidah dinane Senen lan Slasa.
Sasi Sarju, yaiku sasi kang sedeng kanggo samubaranggawe. Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane Jumuah. Mulud,
Rabingulakir, Jumadiiilawal dinane Setu, Akad, Jumadiilakir, Rejeb, Ruwah tiba dina Senen, Slasa.. Sasi Pasa, Sawal
lan Dulkaidah diinane Rebo, Kemis. (sis)
Sangaring Tanggal
Sangaring tanggal kang prayoga disirik samubarang gawe kang
perlu.
| Sasi |
Tanggal |
Dina |
Kadadeyane Taliwangke |
| Sura |
17,27,11,14 |
Rebo paing |
Luwih gedhe rubedane |
| Sapar |
12,22, 1,20 |
Kemis pon |
Sinung lara kesandung |
| Mulud |
13,23,10,15 |
Jum'ah wage |
Sinung lara weteng |
| Bakdamulud |
15,25,10,20 |
Saptu kliwon |
Larane lunga teka |
| Jumadilawal |
16,26,10,11 |
Senen kliwon |
Sinung lara bebalung |
| Jumadilakir |
11,21, 3,14 |
Selasa legi |
Sinung lara owah |
| Rejeb |
2,22,11,12 |
Rebo paing |
Sinung klebon wisa |
| Ruwah |
14,24,19,28 |
Kemis pon |
Kena wisane dhewe |
| Pasa |
15,25,10,20 |
Jum'ah wage |
Sinung lara mata |
| Sawal |
17,27, 2,20 |
Saptu kliwon |
Gung kena perkara |
| Dulkangidah |
11,21, 6,12 |
Senen kliwon |
Sinung gring kapit |
| Besar |
13,23, 1,20 |
Selasa legi |
Gung kasusahan |
Petung
Pasatohan salaki rabi
Petungan panganten lanang lan wadon, neptune dina lan pasaran
digunggung banjur kabagi 9, lanang turah pira wadon turah pira.
yen turah :
|
Turah |
Keterangan |
Turah |
Keterangan |
| 1
lan 1 |
becik
kinasih |
4
lan 4 |
kerep
lara |
| 1
lan 2 |
becik |
4
lan 5 |
akeh
rencanane |
| 1
lan 3 |
kuat,adoh
rejekine |
4
lan 6 |
sugih
rejeki |
| 1
lan 4 |
akeh
bihahine |
4
lan 7 |
mlarat |
|
1 lan 5 |
pegat |
4 lan 8 |
akeh
pangkalane |
|
1 lan 6 |
adoh sandhang
pangan |
4 lan 9 |
kalah siji |
|
1 lan 7 |
sugih satru |
5 lan 5 |
tulus begjane |
|
1 lan 8 |
kasurang-surang |
5 lan 6 |
cepak
rejekine |
|
1 lan 9 |
dadi
pangautan |
5 lan 7 |
tulus sandang
pangane |
|
2 lan 2 |
slamet, akeh
rejekine |
5 lan 8 |
akeh
sambekalane |
|
2 lan 3 |
gelis mati
siji |
5 lan 9 |
cepak sandang
pangane |
|
2 lan 4 |
akeh godang |
6 lan 6 |
gedhe
bilahine |
|
2 lan 5 |
akeh bilahine |
6 lan 7 |
rukun |
|
2 lan 6 |
gelis sugih |
6 lan 8 |
sugih satru |
|
2 lan 7 |
anake akeh
mati |
6 lan 9 |
kasurang-surang |
|
2 lan 8 |
cepak
rejekine |
7 lan 7 |
ingikum
maring rabine |
|
2 lan 9 |
akeh rejekine |
7 lan 8 |
nemu bilahi
saka awake dhewe |
|
3 lan 3 |
mlarat |
7
lan 9 |
tulus
palakramane |
| 3
lan 4 |
akeh
bilahine |
8
lan 8 |
kinasih
dening wong |
| 3
lan 5 |
gelis
pegat |
8
lan 9 |
akeh
bilahine |
| 3
lan 6 |
oleh
nugraha |
9
lan 9 |
giras
rejekine |
| 3
lan 7 |
akeh
bilahine |
|
|
| 3
lan 8 |
gelis
mati siji |
|
|
| 3
lan 9 |
sugih
rejeki |
|
|
Keterangan :
Saumpama weton panganten lanang Jumuah Kliwon neptune 6 + 8 = 14 , kabagi 9, turah 5.
Weton panganten wadon Jumuah Paing, neptune 6 + 9 = 15, kabagi 9 turah 6.
Dadi 5 lan 6 tiba cepak rejekine, iku becik.
Petung salaki rabi
Wetone panganten lanang wadon, neptune dina lan pasaran digunggung, banjur kabagi 4, turah pira.
- Yen turah 1 tiba Gentho yaiuku
larang anak.
- Yen turah 2 Gembili, sugih anak,
- Yen turah 3 Sri, sugih rejeki lan
- Yen turah 4 tiba Punggel, mati salah siji
Keterangan :
Saumpama wetone panganten lanang Jumuah Pon, neptune 6 + 7 = 13.
Penganten wadon Kemis Paing neptune 8 + 9 = 17.
Gunggung 13 + 17 = 30, kabagi 4 turah 2 tiba gembili, sugih anak.
|
|